|
|
el
| Juara 2 Macapat Tinggat Kabupaten | | Tanggal : 09 Januari 2010 s.d. 09 Januari 2010 | Sampun dados rerancangan saking Dinas Dikpora Seksi Seni dan Budaya ngawontenaken lelumban gegayutan kaliyan ningkataken raos kemanunggalan bela budaya, ndhedher wataking panggulawenthah ingkang unggul supados mumpuni ngrembakakaken, tuwin nglestantunaken kabudayan Jawi.
SMP Negeri 1 Karanganyar siaga tumut lomba macapat, ingkang kadhapuk pinangka pangamping lomba Bapak Salaman, S.IP ingkang sampun lebda dhateng Kabudayan Jawi. Siswa ingkang kapiji ing lelumban macapat inggih punika Triyana Agustina kelas VIIA kanthi nyandhang juara II Tingkat Kabupaten, saged nyingkiraken panyarta saking sekolah SMP Negeri/Swasta sanesipun.
Prestasi kala wau ndamel bombong lan bingahing para dwija, pembimbing, tuwin para siswa awit saged njunjung kaprabawan ugi aruming pawiyatan SMP Negeri 1 Karanganyar. Kacetha angsal-angsal tropi asiling lomba. Pamungkasing warta mugi ndadosaken karenan penggalih para maos, lan gunging panuwun, kanthi raos tinarbuka saking pangripta warta saking jangkeping warga ageng pawiyatan SMP Negeri 1 Karanganyar nampi panacad, panyaruwe, tuwin pitedah ingkang tumuju dhateng sampurnaning warta.
|
[ Kembali ] |
|