|
|
el
| Juara 1 Bahasa Jawa Tinggat Kabupaten | | Tanggal : 09 Januari 2010 s.d. 09 Januari 2010 | Kanthi sih rahmating Gusti Ingkang Maha Kuwaos, wonten ing kalodhangan punika, lumantar sarana pinangka jejangkep isi Website ing pawiyatan SMP Negeri 1 Karanganyar, kepareng matur dhumateng para maos ingkang satuhu sengsem lan remen nulad dhumateng kemajengan-kemajengan tuwin popularitas mliginipun wonten jagading pawiyatan jumbuh kaliyan ingkang sampun tinandhesaken ing Visi lan Misi SMP Negeri 1 Karanganyar ing antawisipun Unggul Dalam Prestasi- Kanthi lelembaran punika nuwuhaken gregeting manah kados pundi supados saged mujudaken pepenginan-pepenginan seasor- asoripun SMP Negeri 1 Karanganyar saged nyandhang prestasi juwara I, II, III wonten ing lomba tataran Kabupaten. Mekaten ingkang dados pangajab saking panjenenganipun Bapak H.Suparmin, S.Pd ingkang jumeneng pinangka pangarsa pawiyatan SMP Negeri 1 Karanganyar.
Sampun dados padatan Dinas Dikpora Kabupaten Kebumen Seksi Pendidikan Seni dan Budaya ngadani maneka warni lomba kangge siswa-siswi SMP. SMP Negeri 1 Karanganyar siaga tumut lomba Tri Lomba Berbahasa Jawa kaadanan kala tanggal 16 Juni 2009 wonten ing Hotel Candisari Karanganyar.
Ingkang kadhapuk pinangka pangamping lomba Bp.Salaman, S.IP ingkang sampun lebda dhateng kabudayan Jawi. Siswa ingkang kapiji wonten lelumban Tri Lomba Berbahasa Jawa inggih punika Fatmil Dwi Pambudi kelas VIIIB kanthi nyandhang juara II tingkat Kabupaten saged nyingkiraken panyarta saking SMP sanesipun.
Prestasi kala wau adamel bombong saha mongkoging para dwija tuwin para siswa awit saged njunjung kaprabawan ugi aruming pawiyatan SMP Negeri 1 Karanganyar.
Kacetha angsal-angsal Tropi wonten cuplikan gambar/foto.
Pungkasaning warta mugi ndadosaken karenan penggalih para maos, lan ngaturaken gunging panuwun kanthi raos tinarbuka saking pangripta warta saking jangkeping warga ageng pawiyatan SMP Negeri 1 Karanganyar nampi panacad, panyaruwe tuwin pitedah amrih sampurnaning warta punika.
|
[ Kembali ] |
|